.

HAMEMAYU HAYUNING BAWANA MANGESTI WARANGKA MANJING CURIGA ------- NGAWERUHI SANGKAN PARAN --- MADHEP MANTEP TETEP --- MANUNGGALING KAWULO KALAWAN GUSTI

Jumat, 14 Januari 2011

DHARMA GANDUL

DARMAGANDHUL.
Carita adêge nagara Islam ing Dêmak bêdhahe nagara Majapahit kang
salugune wiwite wong Jawa ninggal agama Buddha banjur salin agama
Islam.
Gancaran basa Jawa ngoko.
Babon asli tinggalane
K.R.T. Tandhanagara, Surakarta.
Cap-capan ingkang kaping sêkawan 1959
Toko Buku "Sadu-Budi" Sala.

BÊBUKA.

Sinarkara sarjunireng galih, myat carita dipangikêtira, kiyai
Kalamwadine, ing nguni anggêguru, puruhita mring Raden Budi,
mangesthi amiluta, duta rehing guru, sru sêtya nglampahi dhawah,
panggusthine tan mamang ing lair batin, pinindha lir Jawata.

Satuduhe Raden Budi êning, pan ingêmbun pinusthi ing cipta,
sumungkêm lair batine, tan etung lêbur luluh, pangesthine ing awal
akhir, tinarimeng Bathara, sasêdyanya kabul, agung nugraheng Hyang
Suksma, sinung ilham ing alam sahir myang kabir, dumadya auliya.

Angawruhi sasmiteng Hyang Widdhi, pan biyasa mituhu susêtya, mring
dhawuh wêling gurune, kêdah mêdharkên kawruh, karya suka pirêneng
jalmi, mring sagung ahli sastra, tuladhaning kawruh, kyai Kalamwadi

    
ngarang, sinung aran srat Darmagandhul jinilid, sinung têmbang
macapat.

Pan katêmben amaos kinteki, têmbang raras rum sêya prasaja, trêwaca
wijang raose, mring tyas gung kumacêlu, yun darbeya miwah nimpêni,
pinirit tinuladha, lêlêpiyanipun, sawusnya winaos tamat, linaksanan
tinêdhak tinurun sungging, kinarya nglipur manah.

Pan sinambi-sambi jagi panti, sasêlanira ngupaya têdha, kinarya cagak
lênggahe, nggennya dama cinubluk, mung kinarya ngarêm-arêmi,
tarimanireng badan, anganggur ngêthêkur, ngêbun-bun pasihaning
Hyang, suprandene tan kalirên wayah siwi, sagotra minulyarja.

Wus pinupus sumendhe ing takdir, pan sumarah kumambang karseng
Hyang, ing lokhilmakful tulise, panitranira nuju, ping trilikur ri
Tumpak manis, Ruwah Je warsanira, Sancaya kang windu, masa Nêm
ringkêlnya Aryang, wuku Wukir sangkalanira ing warsi: wuk guna
ngesthi Nata (taun Jawa 1830).

DARMAGANDHUL.

Ing sawijining dina Darmagandhul matur marang Kalamwadi mangkene
"Mau-maune kêpriye dene wong Jawa kok banjur padha ninggal agama
Buddha salin agama Islam?"

Wangsulane Ki Kalamwadi: "Aku dhewe iya ora pati ngrêti, nanging aku
wis tau dikandhani guruku, ing mangka guruku kuwi iya kêna
dipracaya, nyaritakake purwane wong Jawa padha ninggal agama
Buddha banjur salin agama Rasul".

Ature Darmagandhul: "Banjur kapriye dongengane?"

Ki Kalamwadi banjur ngandika maneh: "Bab iki satêmêne iya prêlu

dikandhakake, supaya wong kang ora ngrêti mula-bukane karêben
ngrêti".

Ing jaman kuna nagara Majapahit iku jênênge nagara Majalêngka, dene
ênggone jênêng Majapahit iku, mung kanggo pasêmon, nanging kang
durung ngrêti dêdongengane iya Majapahit iku wis jênêng sakawit. (1)

Ing nagara Majalêngka kang jumênêng Nata wêkasan jêjuluk Prabu
Brawijaya.

Ing wêktu iku, Sang Prabu lagi kalimput panggalihe, Sang Prabu
krama oleh Putri Cêmpa, (2) ing mangka Putri Cêmpa mau agamane
Islam, sajrone lagi sih-sinihan, Sang Rêtna tansah matur marang Sang
Nata, bab luruhe agama Islam, sabên marak, ora ana maneh kang
diaturake, kajaba mung mulyakake agama Islam, nganti njalari
katariking panggalihe Sang Prabu marang agama Islam mau.

Ora antara suwe kaprênah pulunane Putri Cêmpa kang aran Sayid
Rakhmat tinjo mênyang Majalêngka, sarta nyuwun idi marang Sang
Nata, kaparênga anggêlarake sarengate agama Rasul. Sang Prabu iya
marêngake apa kang dadi panyuwune Sayid rakhmat mau. Sayid
Rakhmat banjur kalakon dhêdhukuh ana Ngampeldênta ing Surabaya (3)
anggêlarake agama Rasul. Ing kono banjur akeh para ngulama saka
sabrang kang padha têka, para ngulama lan para maulana iku padha
marêk sang Prabu ing Majalêngka, sarta padha nyuwun dhêdhukuh ing
pasisir. Panyuwunan mangkono mau uga diparêngake dening Sang Nata.
Suwe-suwe pangidhêp mangkono mau saya ngrêbda, wong Jawa banjur
akeh bangêt kang padha agama Islam.

Sayid Kramat dadi gurune wong-wong kang wis ngrasuk agama
Islam kabeh, dene panggonane ana ing Benang (4) bawah Tuban. Sayid
Kramat iku maulana saka ing 'Arab têdhake Kanjêng Nabi Rasulu'llah,
mula bisa dadi gurune wong Islam. Akeh wong Jawa kang padha kelu
maguru marang Sayid Kramat. Wong Jawa ing pasisir lor sapangulon
sapangetan padha ninggal agamane Buddha, banjur ngrasuk agama
Rasul. Ing Balambangan sapangulon nganti tumêka ing Bantên, wonge
uga padha kelu rêmbuge Sayid Kramat.

Mangka agama Buddha iku ana ing tanah Jawa wis kêlakon urip nganti
sewu taun, dene wong-wonge padha manêmbah marang Budi Hawa. Budi
iku Dzate Hyang Widdhi, Hawa iku karêping hati, manusa ora bisa apa-
apa, bisane mung sadarma nglakoni, budi kang ngobahake.

Sang Prabu Brawijaya kagungan putra kakung kang patutan saka
Putri Bangsa Cina, miyose putra mau ana ing Palembang, diparingi
têtêngêr Raden Patah.

Barêng Raden Patah wis diwasa, sowan ingkang rama, nganti sadhereke
seje rama tunggal ibu, arane Raden Kusen. Satêkane Majalêngka Sang
Prabu kewran panggalihe ênggone arêp maringi sêsêbutan marang
putrane, awit yen miturut lêluri saka ingkang rama, Jawa Buddha
agamane, yen nglêluri lêluhur kuna, putraning Nata kang pambabare
ana ing gunung, sêsêbutane Bambang. Yen miturut ibu, sêsêbutane:
Kaotiang, dene yen wong 'Arab sêsêbutane Sayid utawa Sarib. Sang
Prabu banjur nimbali patih sarta para nayaka, padha dipundhuti
têtimbangan ênggone arêp maringi sêsêbutan ingkang putra mau. Saka
ature Patih, yen miturut lêluhur kuna putrane Sang Prabu mau disêbut
Bambang, nanging sarehne ibune bangsa Cina, prayoga disêbut Babah,
têgêse pambabare ana nagara liya. Ature Patih kang mangkono mau,
para nayaka uga padha mupakat, mula Sang Nata iya banjur dhawuh
marang padha wadya, yen putra Nata kang miyos ana ing Palembang
iku diparingi sêsêbutan lan asma Babah Patah. Katêlah nganti tumêka
saprene, yen blastêran Cina lan Jawa sêsêbutane Babah. Ing nalika
samana, Babah Patah wêdi yen ora nglakoni dhawuhe ingkang rama,
mulane katone iya sênêng, sênênge mau amung kanggo samudana bae,

mungguh satêmêne ora sênêng bangêt ênggone diparingi sêsêbutan
Babah iku.

Ing nalika iku Babah Patah banjur jinunjung dadi Bupati ing
Dêmak, madanani para bupati urut pasisir Dêmak sapangulon, sarta
Babah Patah dipalakramakake oleh ing Ngampelgadhing, kabênêr wayahe
kiyai Agêng Ngampel. Barêng wis sawatara masa, banjur boyong marang
Dêmak, ana ing desa Bintara, sarta sarehne Babah Patah nalika ana ing
Palembang agamane wis Islam, anane ing Dêmak didhawuhi
nglêstarekake agamane, dene Raden Kusen ing nalika iku jinunjung
dadi Adipati ana ing Têrung (5), pinaringan nama sarta sêsêbutan
Raden Arya Pêcattandha.

Suwening suwe sarak Rasul saya ngrêbda, para ngulama padha
nyuwun pangkat sarta padha duwe sêsêbutan Sunan, Sunan iku têgêse
budi, uwite kawruh kaelingan kang bêcik lan kang ala, yen wohe budi
ngrêti marang kaelingan bêcik, iku wajib sinuwunan kawruhe ngelmu
lair batin.

Ing wêktu iku para ngulama budine bêcik-bêcik, durung padha duwe
karêp kang cidra, isih padha cêgah dhahar sarta cêgah sare. sang
Prabu Brawijaya kagungan panggalih, para ngulama sarake Buddha,
kok nganggo sêsêbutan Sunan, lakune isih padha cêgah mangan, cêgah
turu. Yen sarak rasul, sirik cêgah mangan turu, mung nuruti rasaning
lesan lan awak. Yen cêgah mangan rusak, Prabu Brawijaya uga banjur
paring idi. Suwe-suwe agama Rasul saya sumêbar. Ing wêktu iku ana
nalar kang aneh, ora kêna dikawruhi sarana netra karna sarta lesan,
wêtune saka engêtan, jroning utêk iku yen diwarahi budi nyambut
gawe, kang maca lan kang krungu nganggêp têmên lan ora, iya kudu
ditimbang ing sabênêre, saiki isih ana wujuding patilasane, isih kêna
dinyatakake, mula saka pangiraku iya nyata.

Dhek nalika samana Sunan Benang sumêdya tindak marang Kadhiri,
kang ndherekake mung sakabat loro. Satêkane lor Kadhiri, iya iku ing
tanah Kêrtasana, kêpalangan banyu, kali Brantas pinuju banjir. Sunan
Benang sarta sakabate loro padha nyabrang, satêkane wetan kali
banjur niti-niti agamane wong kono apa wis Islam, apa isih agama Budi.
Ature Ki Bandar wong ing kono agamane Kalang, sarak Buddha mung
sawatara, dene kang agama Rasul lagi bribik-bribik, wong ing kono
akeh padha agama Kalang, mulyakake Bandung Bandawasa. Bandung
dianggêp Nabine, yen pinuji dina Riyadi, wong-wong padha bêbarêngan
mangan enak, padha sênêng-sênêng ana ing omah. Sunan Benang
ngandika: "Yen ngono wong kene kabeh padha agama Gêdhah, Gêdhah
iku ora irêng ora putih, tanah kene patut diarani Kutha Gêdhah".

Ki Bandar matur: "Dhawuh pangandika panjênêngan, kula ingkang
nêkseni".
Tanah saloring kutha kadhiri banjur jênêng Kutha Gêdhah, nganti
têkane saiki isih karan Kutha Gêdhah, nanging kang mangkono mau
arang kang padha ngrêti mula-bukane.

Sunan Benang ngandika marang sakabate: "Kowe goleka banyu imbon
mênyang padesan, kali iki isih banjir, banyune isih buthêk, yen diombe
nglarani wêtêng, lan maneh iki wancine luhur, aku arêp wudhu, arêp
salat".

Sakabate siji banjur lunga mênyang padesan arêp golek banyu,
têkan ing desa Pathuk ana omah katone suwung ora ana wonge lanang,
kang ana mung bocah prawan siji, wajah lagi arêp mêpêg birahi, ing
wêktu iku lagi nênun. Sakabat têka sarta alon calathune: "mBok
Nganten, kula nêdha toya imbon bêning rêsik".
mBok Prawan kaget krungu swarane wong lanang, barêng noleh
wêruh lanang sajak kaya santri, MBok Prawan salah cipta, pangrasane
wong lanang arêp njêjawat, mêjanani marang dheweke, mula ênggone
mangsuli nganggo têmbung saru: "nDika mêntas liwat kali têka ngangge

ngarani njaluk banyu imbon, ngriki botên entên carane wong ngimbu
banyu, kajaba uyuh kula niki imbon bêning, yen sampeyan ajêng
ngombe".

Santri krungu têtêmbungan mangkono banjur lunga tanpa pamit
lakune dirikatake sarta garundêlan turut dalan, satêkane ngarsane
Sunan Benang banjur ngaturake lêlakone nalika golek banyu.
Sunan Benang mirêng ature sakabate, bangêt dukane, nganti kawêtu
pangandikane nyupatani, ing panggonan kono disabdakake larang
banyu, prawane aja laki yen durung tuwa, sarta jakane aja rabi yen
durung dadi jaka tuwa, barêng kêna dayaning pangandika mau, ing
sanalika kali Brantas iline dadi cilik, iline banyu kang gêdhe nyimpang
nrabas desa alas sawah lan patêgalan, akeh desa kang padha rusak,
awit katrajang ilining banyu kali kang ngalih iline, kali kang maune
iline gêdhe sanalika dadi asat. Nganti tumêka saprene tanah Gêdhah
iku larang banyu, jaka lan prawane iya nganti kasep ênggone omah-
omah. Sunan Benang têrus tindak mênyang Kadhiri.

Ing wêktu iki ana dhêmit jênênge Nyai Plêncing, iya iku dhêmit ing
sumur Tanjungtani, tansah digubêl anak putune, padha wadul yen ana
wong arane Sunan Benang, gawene nyikara marang para lêlêmbut,
ngêndêl-êndêlake kaprawirane, kali kang saka Kadhiri disotake banjur
asat sanalika, iline banjur salin dalan kang dudu mêsthine, mula akeh
desa, alas, sawah sarta patêgalan, kang padha rusak, iya iku saka
panggawene Sunan Benang, kang uga ngêsotake wong ing kono, lanang
wadon ngantiya kasep ênggone omah-omah, sarta kono disotake larang
banyu sarta diêlih jênênge tanah aran Kutha Gêdhah, Sunan Benang
dhêmêne salah gawe.
Anak putune Nyai Plêncing padha ngajak supaya Nyai Plêncing gêlêma
nêluh sarta ngrêridhu Sunan Benang, bisaa tumêka ing pati, dadi ora
tansah ganggu gawe. Nyai Plêncing krungu wadule anak putune
mangkono mau, enggal mangkat mêthukake lakune Sunan Benang,
nanging dhêmit-dhêmit mau ora bisa nyêdhaki Sunan Benang, amarga
rasane awake padha panas bangêt kaya diobong. Dhêmit-dhêmit mau
banjur padha mlayu marang Kadhiri, satêkane ing Kadhiri, matur
marang ratune, ngaturake kahanane kabeh. ratune manggon ing
Selabale. (6)
Jênênge Buta Locaya, dene Selabale iku dununge ana sukune gunung
Wilis. Buta Locaya iku patihe Sri Jayabaya, maune jênênge kiyai Daha,
duwe adhi jênênge kiyai Daka. Kiyai daha iki cikal-bakal ing Kadhiri,
barêng Sri Jayabaya rawuh, jênênge kiyai Daha dipundhut kanggo
jênênge nagara, dheweke diparingi Buta Locaya, sarta banjur
didadekake patihe Sang Prabu Jayabaya.

Buta iku têgêse: butêng utawa bodho, Lo têgêse kowe, caya têgêse:
kêna dipracaya, kiyai Buta Locaya iku bodho, nanging têmên mantêp
sêtya ing Gusti, mulane didadekake patih.
Wiwite ana sêbutan kiyai, iya iku kiyai daha lan kiyai Daka, kiyai
têgêse: ngayahi anak putune sarta wong-wong ing kanan keringe.

Jêngkare Sri Narendra anjujug ing omahe kiyai Daka, ana ing kono
Sang Prabu sawadya-balane disugata, mula sang Prabu asih bangêt
marang kiyai Daka, jênênge kiyai Daka dipundhut kanggo jênêng desa,
dene kiyai Daka banjur diparingi jênêng kiyai Tunggulwulung, sarta
dadi senapatining pêrang.

Samuksane Sang Prabu Jayabaya lan putrane putri kang aran Ni
Mas Ratu Pagêdhongan, Buta Locaya lan kiyai Tunggulwulung uga
padha muksa; Ni Mas Ratu Pagêdhongan dadi ratuning dhêmit nusa
Jawa, kuthane ana sagara kidul sarta jêjuluk Ni Mas Ratu Anginangin.
Sakabehe lêlêmbut kang ana ing lautan dharatan sarta kanan keringe
tanah Jawa, kabeh padha sumiwi marang Ni Mas Ratu Anginangin.

Buta Locaya panggonane ana ing Selabale, dene kiyai
Tunggulwulung ana ing gunung Kêlut, rumêksa kawah sarta lahar, yen

lahar mêtu supaya ora gawe rusaking desa sarta liya-liyane.

Ing wêktu iku kiyai Buta Locaya lagi lênggah ana ing kursi
kêncana kang dilemeki kasur babut isi sari, sarta kinêbutan êlaring
mêrak, diadhêp patihe aran Megamêndhung, lan putrane kakung loro
uga padha ngadhêp, kang tuwa arane Panji Sêktidiguna, kang anom
aran panji Sarilaut.

Buta Locaya lagi ngandikan karo kang padha ngadhêp, kaget kasaru
têkane Nyai Plêncing, ngrungkêbi pangkone, matur bab rusake tanah
lor Kadhiri, sarta ngaturake yen kang gawe rusak iku, wong saka
Tuban kang sumêdya lêlana mênyang Kadhiri, arane Sunan Benang.
Nyai Plêncing ngaturake susahe para lêlêmbut sarta para manusa.

Buta Locaya krungu wadule Nyai Plêncing mangkono mau bangêt
dukane, sarirane nganti kaya gêni, sanalika banjur nimbali putra-
wayahe sarta para jin pêri parajangan, didhawuhi nglawan Sunan
Benang. Para lêlêmbut mau padha sikêp gêgaman pêrang, sarta lakune
barêng karo angin, ora antara suwe lêlêmbut wis têkan ing saêloring
desa Kukum, ing kono Buta Locaya banjur maujud manusa aran kiyai
Sumbre, dene para lêlêmbut kang pirang-pirang ewu mau padha ora
ngaton, kiyai Sumbre banjur ngadêg ana ing têngah dalan sangisoring
wit sambi, ngadhang lakune Sunan Benang kang saka êlor.

Ora antara suwe têkane Sunan Benang saka lor, Sunan Benang wis
ora kasamaran yen kang ngadêg ana sangisoring wit sambi iku
ratuning dhêmit, sumêdya ganggu gawe, katitik saka awake panas kaya
mawa. Dene lêlêmbut kang pirang-pirang ewu mau padha sumingkir
adoh, ora bêtah kêna prabawane Sunan Benang. Mangkono uga Sunan
Benang uga ora bêtah cêdhak karo kiyai Sumbre, amarga kaya dene
cêdhak mawa, kiyai Sumbre mangkono uga.

Sakabat loro kang maune padha sumaput, banjur padha katisên,
amarga kêna daya prabawane kiyai Sumbre.

Sunan Benang andangu marang kiyai Sumbre: "Buta Locaya! kowe
kok mêthukake lakuku, sarta nganggo jênêng Sumbre, kowe apa padha
slamêt?".

Buta Locaya kaget bangêt dene Sunan Benang ngrêtos jênênge
dheweke, dadi dheweke kawanguran karêpe, wusana banjur matur
marang Sunan Benang: "Kados pundi dene paduka sagêd mangrêtos
manawi kula punika Buta Locaya?".

Sunan Benang ngandika: "Aku ora kasamaran, aku ngrêti yen kowe
ratuning dhêmit Kadhiri, jênêngmu Buta Locaya.".

Kiyai Sumbre matur marang Sunan Benang: "Paduka punika tiyang
punapa, dene mangangge pating gêdhabyah, dede pangagêm Jawi.
Kados wangun walang kadung?".

Sunan Benang ngandika maneh: "Aku bangsa 'Arab, jênêngku Sayid
Kramat, dene omahku ing Benang tanah Tuban, mungguh kang dadi
sêdyaku arêp mênyang Kadhiri, pêrlu nonton patilasan kadhatone
Sang Prabu Jayabaya, iku prênahe ana ing ngêndi?".

Buta Locaya banjur matur: "Wetan punika wastanipun dhusun
Mênang (9), sadaya patilasan sampun sami sirna, kraton sarta
pasanggrahanipun inggih sampun botên wontên, kraton utawi
patamanan Bagendhawati ingkang kagungan Ni Mas Ratu Pagêdhongan
inggih sampun sirna, pasanggrahan Wanacatur ugi sampun sirna,
namung kantun namaning dhusun, sadaya wau sirnanipun kaurugan siti
pasir sarta lahar saking rêdi Kêlut. Kula badhe pitaken, paduka
gêndhak sikara dhatêng anak putu Adam, nyabdakakên ingkang botên
patut, prawan tuwa jaka tuwa, sarta ngêlih nami Kutha Gêdhah, ngêlih

lepen, lajêng nyabdakakên ing ngriki awis toya, punika namanipun
siya-siya botên surup, sikara tanpa dosa, saiba susahipun tiyang
gêsang laki rabi sampun lungse, lajêng botên gampil pêncaripun
titahing Latawalhujwa, makatên wau saking sabda paduka, sêpintên
susahipun tiyang ingkang sami kêbênan, lepen Kadhiri ngalih
panggenan mili nrajang dhusun, wana, sabin, pintên-pintên sami risak,
ngriki paduka-sotakên, sêlaminipun awis toya, lepenipun asat, paduka
sikara botên surup, nyikara tanpa prakara".

Sunan Benang ngandika: "Mula ing kene tak-êlih jênêng
Kutha Gêdhah, amarga wonge kene agamane ora irêng ora putih, têtêpe
agama biru, sabab agama Kalang, mula tak-sotake larang banyu, aku
njaluk banyu ora oleh, mula kaline banjur tak-êlih iline, kene kabeh
tak sotake larang banyu, dene ênggonku ngêsotake prawan tuwa jaka
tuwa, amarga kang tak jaluki banyu ora oleh iku, prawan baleg.".

Buta Locaya matur maneh: "Punika namanipun botên timbang kaliyan
sot panjênêngan, botên sapintên lêpatipun, tur namung tiyang
satunggal ingkang lêpat, nanging ingkang susah kok tiyang kathah
sangêt, botên timbang kaliyan kukumipun, paduka punika namanipun
damêl mlaratipun tiyang kathah, saupami konjuk Ingkang Kagungan
Nagari, paduka inggih dipunukum mlarat ingkang langkung awrat,
amargi ngrisakakên tanah, lah sapunika mugi panjênêngan-sotakên
wangsulipun malih, ing ngriki sagêda mirah toya malih, sagêd dados
asil panggêsangan laki rabi taksih alit lajêng mêncarakên titahipun
Hyang Manon. Panjênêngan sanes Narendra têka ngarubiru agami,
punika namanipun tiyang dahwen".


Sunan Benang ngandika: "Sanadyan kok-aturake Ratu Majalêngka
aku ora wêdi".

Buta Locaya barêng krungu têmbung ora wêdi marang Ratu
Majalêngka banjur mêtu nêpsune, calathune sêngol: "Rêmbag paduka
niki dede rêmbage wong ahli praja, patute rêmbage tiyang entên ing
bambon, ngêndêlake dumeh tiyang digdaya, mbok sampun sumakehan
dumeh dipunkasihi Hyang Widdhi, sugih sanak malaekat, lajêng
tumindak sakarsa-karsa botên toleh kalêpatan, siya dahwen sikara
botên ngangge prakara, sanadyan ing tanah Jawi rak inggih wontên
ingkang nglangkungi kaprawiran paduka, nanging sami ahli budi sarta
ajrih sêsikuning Dewa, têbih saking ahli budi yen ngantos siya
dhatêng sêsami nyikara tanpa prakara, punapa paduka punika tiyang
tunggilipun Aji Saka, muride Ijajil. Aji Saka dados Ratu tanah Jawi
namung tigang taun lajêng minggat saking tanah Jawi, sumbêr toya ing
Mêdhang saurutipun dipunbêkta minggat sadaya, Aji Saka tiyang saka
Hindhu, paduka tiyang saking 'Arab, mila sami siya-siya dhatêng
sêsami, sami damêl awising toya, paduka ngakên Sunan rak kêdah
simpên budi luhur, damêl wilujêng dhatêng tiyang kathah, nanging kok
jêbul botên makatên, wujud paduka niki jajil bêlis katingal, botên
tahan digodha lare, lajêng mubal nêpsune gêlis duka, niku Sunan
napa? Yen pancen Sunaning jalma yêktos, mêsthi simpên budi luhur.
Paduka niksa wong tanpa dosa, nggih niki margi paduka cilaka,
tandhane paduka sapunika sampun jasa naraka jahanam, yen sampun
dados, lajêng paduka-ênggeni piyambak, siram salêbêting kawah
wedang ingkang umob mumpal-mumpal. Kula niki bangsaning lêlêmbut,
sanes alam kaliyan manusa, ewadene kula taksih engêt dhatêng
wilujêngipun manusa. Inggih sampun ta, sapunika sadaya ingkang risak
kula-aturi mangsulakên malih, lepen ingkang asat lan panggenan
ingkang sami katrajang toya kula-aturi mangsulakên kados sawaunipun,
manawi panjênêngan botên karsa mangsulakên, sadaya manusa Jawi
ingkang Islam badhe sami kula-têluh kajêngipun pêjah sadaya, kula
tamtu nyuwun bantu wadya bala dhatêng Kanjêng Ratu Ayu Anginangin
ingkang wontên samodra kidul".

Sunan Benang barêng mirêng nêpsune Buta Locaya rumaos lupute,

dene gawe kasusahan warna-warna, nyikara wong kang ora dosa, mula
banjur ngandika: "Buta Locaya! aku iki bangsa Sunan, ora kêna
mbaleni caturku kang wus kawêtu, besuk yen wus limang atus taun,
kali iki bisa bali kaya mau-maune".

Buta Locaya barêng krungu kêsagahane Sunan Benang, banjur
nêpsu maneh, nuli matur marang Sunan Benang: "Kêdah paduka-
wangsulna sapunika, yen botên sagêd, paduka kula-banda".

Sunan Benang ngandika marang Buta Locaya: "Wis kowe ora kêna
mangsuli, aku pamit nyimpang mangetan, woh sambi iki tak-jênêngake
cacil, dene kok kaya bocah cilik padha tukaran, dhêmit lan wong
pêcicilan rêbut bênêr ngadu kawruh prakara rusaking tanah, sarta
susahe jalma lan dhêmit, dak-suwun marang Rabbana, woh sambi dadi
warna loro kanggone, daginge dadiya asêm, wijine mêtuwa lêngane,
asêm dadi pasêmoning ulat kêcut, dene dhêmit padu lan manusa, lênga
têgêse dhêmit mlêlêng jalma lunga. Ing besuk dadiya pasêksen, yen
aku padu karo kowe, lan wiwit saiki panggonan têtêmon iki, kang lor
jênênge desa Singkal, ing kene desa ing Sumbre, dene panggonane
balamu kang ana ing kidul iku jênênge desa Kawanguran".

Sunan Benang sawuse ngandika mangkono banjur mlumpat marang
wetan kali, katêlah nganti tumêka saprene ing tanah Kutha Gêdhah ana
desa aran Kawanguran, Sumbre sarta Singkal, Kawanguran têgêse
kawruhan, Singkal têgêse sêngkêl banjur nêmu akal.

Buta Locaya nututi tindake Sunan Benang. Sunan Benang tindake
têkan ing desa Bogêm, ana ing kono Sunan Benang mriksani rêca
jaran, rêca mau awak siji êndhase loro, dene prênahe ana sangisoring
wit trênggulun, wohe trênggulun mau akeh bangêt kang padha tiba
nganti amblasah, Sunan Benang ngasta kudhi, rêca jaran êndhase
digêmpal.

Buta Locaya barêng wêruh patrape Sunan Benang anggêmpal
êndhasing rêca jaran, saya wuwuh nêpsune sarta mangkene wuwuse:
"Punika yasanipun sang Prabu Jayabaya, kangge pralambang ing
tekadipun wanita Jawi, benjing jaman Nusa Srênggi, sintên ingkang
sumêrêp rêca punika, lajêng sami mangrêtos tekadipun para wanita
Jawi".

Sunan Benang ngandika: "Kowe iku bangsa dhêmit kok wani padu
karo manusa, jênênge dhêmit kêmênthus".


Buta Locaya mangsuli: "Inggih kaot punapa, ngriku Sunan, kula
Ratu".

Sunan Benang ngandika: "Woh trênggulun iki tak-jênêngake
kênthos, dadiya pangeling-eling ing besuk, yen aku kêrêngan karo
dhêmit kumênthus, prakara rusaking rêca".

Ki Kalamwadi ngandika: "Katêlah nganti saprene, woh trênggulun
jênênge kênthos, awit saka sabdane Sunan Benang, iku pituture Raden
Budi Sukardi, guruku".

Sunan Benang banjur tindak mangalor, barêng wis wanci asar,
kêrsane arêp salat, sajabane desa kono ana sumur nanging ora ana
timbane, sumure banjur digolingake, dene Sunan Benang sawise, nuli
sagêd mundhut banyu kagêm wudhu banjur salat.

Ki Kalamwadi ngandika: "Katêlah nganti saprene sumur mau karane
sumur Gumuling, Sunan Benang kang anggolingake, iku pituture Raden
Budi guruku, êmbuh bênêr lupute".

Sunan Benang sawise salat banjur nêrusake tindake, satêkane desa

Nyahen (10) ing kona ana rêca buta wadon, prênahe ana sangisoring
wit dhadhap, wêktu iku dhadhape pinuju akeh bangêt kêmbange, sarta
akeh kang tiba kanan keringe rêca buta mau, nganti katon abang
mbêranang, saka akehe kêmbange kang tiba, Sunan Benang priksa rêca
mau gumun bangêt, dene ana madhêp mangulon, dhuwure ana 16 kaki,
ubênge bangkekane 10 kaki, saupama diêlih saka panggonane, yen
dijunjung wong wolung atus ora kangkat,
kajaba yen nganggo piranti, baune têngên rêca mau disêmpal dening
Sunan Benang, bathuke dikrowak.

Buta Locaya wêruh yen Sunan Benang ngrusak rêca, dheweke nêpsu
maneh, calathune: "Panjênêngan nyata tiyang dahwen, rêca buta bêcik-
bêcik dirusak tanpa prakara, sa-niki awon warnine, ing mangka punika
yasanipun Sang Prabu Jayabaya, lah asilipun punapa panjênêngan
ngrisak rêca?"

Pangandikane Sunan Benang: "Mulane rêca iki tak-rusak, supaya aja
dipundhi-pundhi dening wong akeh, aja tansah disajeni dikutugi, yen
wong muji brahala iku jênênge kapir kupur lair batine kêsasar."

Buta Locaya calathu maneh: "Wong Jawa rak sampun ngrêtos, yen
punika rêca sela, botên gadhah daya, botên kuwasa, sanes Hyang
Labawalhujwa, mila sami dipunladosi, dipunkutugi, dipunsajeni, supados
para lêlêmbut sampun sami manggen wontên ing siti utawi kajêng,
amargi siti utawi kajêng punika wontên asilipun, dados têdhanipun
manusa, mila para lêlêmbut sami dipunsukani panggenan wontên ing
rêca, panjênêngan-tundhung dhatêng pundi? Sampun jamakipun
brêkasakan manggen ing guwa, wontên ing rêca, sarta nêdha ganda
wangi, dhêmit manawi nêdha ganda wangi badanipun kraos sumyah,
langkung sênêng malih manawi manggen wontên ing rêca wêtah ing
panggenan ingkang sêpi edhum utawi wontên ngandhap kajêng ingkang
agêng, sampun sami ngraos yen alamipun dhêmit punika sanes kalayan
alamipun manusa, manggen wontên ing rêca têka panjênêngan-sikara,
dados panjênêngan punika têtêp tiyang jail gêndhak sikara siya-siya
dhatêng sasamining tumitah, makluking Pangeran. Aluwung manusa
Jawa ngurmati wujud rêca ingkang pantês simpên budi nyawa, wangsul
tiyang bangsa 'Arab sami sojah Ka'batu'llah, wujude nggih tugu sela,
punika inggih langkung sasar".

Pangandikane Sunan Benang: Ka'batu'llah iku kang jasa Kangjêng
Nabi Ibrahim, ing kono pusêring bumi, didelehi tugu watu disujudi
wong akeh, sing sapa sujud marang Ka'batu'llah, Gusti Allah paring
pangapura lupute kabeh salawase urip ana ing 'alam pangumbaran".

Buta Locaya mangsuli karo nêpsu: "Tandhane napa yen angsal sihe
Pangeran, angsal pangapuntên sadaya kalêpatanipun, punapa sampun
angsal saking Pangeran Kang Maha Agung tapak asta mawi cap abrit?

Sunan Benang ngandika maneh: "Kang kasêbut ing kitabku, besuk
yen mati oleh kamulyan".

Buta Locaya mangsuli karo mbêkos: "Pêjah malih yen sumêrêpa,
kamulyan sanyata wontên ing dunya kemawon sampun korup, sasar
nyêmbah tugu sela, manawi sampun nrimah nêmbah curi, prayogi
dhatêng rêdi Kêlut kathah sela agêng-agêng yasanipun Pangeran, sami
maujud piyambak saking sabda kun, punika wajib dipunsujudi. Saking
dhawuhipun Ingkang Maha Kuwaos, manusa sadaya kêdah sumêrêp ing
Batu'llahipun, badanipun manusa punika Baitu'llah ingkang sayêktos,
sayêktos yen yasanipun Ingkang Maha Kuwaos, punika kêdah
dipunrêksa, sintên sumêrêp asalipun badanipun, sumêrêp budi
hawanipun, inggih punika ingkang kenging kangge tuladha. Sanadyan
rintên dalu nglampahi salat, manawi panggenanipun raga pêtêng,
kawruhipun sasar-susur, sasar nêmbah tugu sela, tugu damêlan Nabi,
Nabi punika rak inggih manusa kêkasihipun Gusti Allah, ta, pinaringan
wahyu nyata pintêr sugih engêtan, sidik paningalipun têrus, sumêrêp

cipta sasmita ingkang dereng kalampahan. Dene ingkang yasa rêca
punika Prabu Jayabaya, inggih kêkasihipun Ingkang Kuwaos,
pinaringan wahyu mulya, inggih pintêr sugih engêtan sidik
paningalipun têrus, sumêrêp saderengipun kalampahan, paduka
pathokan tulis, tiyang Jawi pathokan sastra, bêtuwah saking
lêluhuripun. sami-sami nyungkêmi kabar, aluwung nyungkêmi kabar
sastra saking lêluhuripun piyambak, ingkang patilasanipun taksih
kenging dipuntingali. Tiyang nyungkêmi kabar 'Arab, dereng ngrêtos
kawontênanipun ngrika, punapa dora punapa yêktos, anggêga ujaripun
tiyang nglêmpara. Mila panjênêngan anganjawi, nyade umuk, nyade
mulyaning nagari Mêkah, kula sumêrêp nagari Mêkah, sitinipun panas,
awis toya, tanêm-tanêm tuwuh botên sagêd mêdal, bênteripun bantêr
awis jawah, manawi tiyang ingkang ahli nalar, mastani Mêkah punika
nagari cilaka, malah kathah tiyang sade tinumbas tiyang, kangge
rencang tumbasan. Panjênêngan tiyang duraka, kula-aturi kesah saking
ngriki, nagari Jawi ngriki nagari suci lan mulya, asrêp lan bênteripun
cêkapan, tanah pasir mirah toya, punapa ingkang dipuntanêm sagêd
tuwuh, tiyangipun jalêr bagus, wanitanipun ayu, madya luwês
wicaranipun. Rêmbag panjênêngan badhe priksa pusêring jagad, inggih
ing ngriki ingkang kula-linggihi punika, sapunika panjênêngan ukur,
manawi kula lêpat panjênêngan jotos.
Rêmbag panjênêngan punika mblasar, tandha kirang nalar, kirang
nêdha kawruh budi, rêmên niksa ing sanes. Ingkang yasa rêca punika
Maha Prabu Jayabaya, digdayanipun ngungkuli panjênêngan,
panjênêngan punapa sagêd ngêpal lampahing jaman? Sampun ta, kula-
aturi kesah kemawon saking ngriki, manawi botên purun kesah
sapunika, badhe kula-undhangakên adhi-kula ingkang wontên ing rêdi
Kêlut, panjênêngan kula-kroyok punapa sagêd mênang, lajêng kula-
bêkta mlêbêt dhatêng kawahipun rêdi Kêlut, panjênêngan punapa botên
badhe susah, punapa panjênêngan kêpengin manggen ing sela kados
kula? Mangga dhatêng Selabale, dados murid kula!".

Sunan Benang ngandika: "Ora arêp manut rêmbugmu, kowe setan
brêkasakan".

Buta Locaya mangsuli: "Sanadyan kula dhêmit, nanging dhêmit raja,
mulya langgêng salamine, panjênêngan dereng tampu mulya kados kula,
tekad panjênêngan rusuh, rêmên nyikara niaya, mila panjênêngan
dhatêng tanah Jawi, wontên ing 'Arab nakal kalêbêt tiyang awon, yen
panjênêngan mulya tamtu botên kesah saking 'Arab, mila minggat,
saking lêpat, tandhanipun wontên ing ngriki taksih krejaban, maoni
adating uwong, maoni agama, damêl risak barang sae, ngarubiru
agamane lêluhur kina, Ratu wajib niksa, mbucal dhatêng Mênadhu".

Sunan Benang ngandika: "Dhadhap iki kêmbange tak jênêngake
celung, uwohe kledhung, sabab aku kêcelung nalar lan kêledhung
rêmbag, dadiya pasêksen yen aku padu lan ratu dhêmit, kalah kawruh
kalah nalar".

Mula katêlah nganti tumêka saprene, woh dhadhap jênênge
kledhung, kêmbange aran celung.

Sunan Benang banjur pamitan: "Wis aku arêp mulih mênyang
Benang".

Buta Locaya mangsuli karo nêpsu: "Inggih sampun, panjênêngan
enggala kesah, wontên ing ngriki mindhak damêl sangar, manawi
kadangon wontên ing ngriki mindhak damêl susah, murugakên awis
wos, nambahi bênter, nyudakakên toya".

Sunan Benang banjur tindak, dene Buta Locaya sawadya-balane uga
banjur mulih. Gênti kang cinarita, nagari ing Majalêngka, anuju
sawijining dina, Sang Prabu Brawijaya miyos sinewaka, diadhêp Patih
sarta para wadya bala, Patih matur, yen mêntas nampani layang saka
Tumênggung ing Kêrtasana, dene surasane layang ngaturi uninga yen

nagara Kêrtasana kaline asat, kali kang saka Kadhiri miline nyimpang
mangetan, saperanganing layang mau unine mangkene: "Wontên ler-
kilen Kadhiri, pintên-pintên dhusun sami karisakan, anggenipun
makatên wau, saking kenging sabdanipun ngulama saking 'Arab,
namanipun Sunan Benang.

Sang Prabu mirêng ature Patih bangêt dukane, Patih banjur diutus
mênyang Kêrtasana, niti-priksa ing kono kabeh, kahanane wonge sarta
asile bumi kang katrajang banyu kapriye? Sarta didhawuhi nimbali
Sunan Benang.

Gêlising carita, Patih sawise niti-priksa, banjur ngaturake kahanane
kabeh, dene duta kang diutus mênyang Tuban uga wis têka, matur yen
ora oleh gawe, amarga Sunan Benang lunga ora karuhan parane.

Sang Prabu midhangêt ature para wadya banjur duka, paring
pangandika yen ngulama saka 'Arab pada ora lamba atine. Sang Prabu
banjur dhawuh marang Patih, wong 'Arab kang ana ing tanah Jawa
padha didhawuhi lunga, amarga gawe ribêding nagara, mung ing Dêmak
lang Ngampelgadhing kang kêparêng ana ing tanah Jawa, nglêstarekake
agamane, liyane loro iku didhawuhi ngulihake mênyang asale, dene yen
padha ora gêlêm lunga didhawuhi ngrampungi bae.
Ature Patih: "Gusti! lêrês dhawuh paduka punika, amargi ngulama
Giripura sampun tigang taun botên sowan utawi botên ngaturakên
bulubêkti, mênggah sêdyanipun badhe rêraton piyambak, botên
ngrumaosi nêdha ngombe wontên tanah Jawi, dene namanipun santri
Giri anglangkungi asma paduka, pêparabipun Sunan 'Aênalyakin,
punika nama ing têmbung 'Arab, mênggah têgêsipun Sunan punika
budi, têgêsipun Aenal punika ma'rifat, têgêsipun Yakin punika wikan,
sumêrêp piyambak, dados nama tingal ingkang têrus, suraosipun ing
têmbung Jawi nama Prabu Satmata, punika asma luhur ingkang makatên
punika ngirib-irib tingalipun Kang Maha Kuwasa, mariksa botên
kasamaran, ing alam donya botên wontên kalih ingkang asma Sang
Prabu Satmata, kajawi namung Bathara Wisnu nalika jumênêng Nata
wontên ing nagari Mêdhang-Kasapta.
Sang Prabu midhangêt ature Patih, banjur dhawuh nglurugi
pêrang mênyang Giri, Patih budhal ngirid wadya-bala prajurit, nglurug
mênyang Giri. Patih sawadya-balane satêkane ing Giri banjur campuh
pêrang. Wong ing Giri geger, ora kuwat nanggulangi pangamuke wadya
Majapahit. Sunan Giri mlayu mênyang Benang, golek kêkuwatan, sawise
oleh bêbantu, banjur pêrang maneh mungsuh wong Majalêngka,
pêrange rame bangêt, ing wêktu iku tanah jawa wis meh saparo kang
padha ngrasuk agama Islam, wong-wong ing Pasisir lor wis padha
agama Islam, dene kang kidul isih têtêp nganggo agama Buddha.
Sunan Benang wis ngrumasani kaluputane, ênggone ora sowan
mênyang Majalêngka, mula banjur lunga karo Sunan Giri mênyang
Dêmak, satêkane ing Dêmak, banjur ngêbang marang Adipati Dêmak,
diajak nglurug mênyang Majalêngka, pangandikane Sunan Benang
marang Adipati Dêmak: "Wêruha yen saiki wis têkan masa rusake
Kraton Majalêngka, umure wis satus têlu taun, saka panawangku, kang
kuwat dadi Ratu tanah Jawa, sumilih Kaprabon Nata, mung kowe,
rêmbugku rusakên Kraton Majalêngka, nanging kang sarana alus, aja
nganti ngêtarani, sowana besuk Garêbêg Mulud, nanging rumantiya
sikêping pêrang: 1. gaweya samudana, 2. dhawuhana balamu para
Sunan kabeh lan para Bupati kang wis padha Islam kumpulna ana ing
Dêmak, yen kumpule iku arêp gawe masjid, mêngko yen wis kumpul,
para Sunan sarta Bupati sawadya-balane kang wis padha Islam, kabeh
mêsthi nurut marang kowe".

Ature Adipati Dêmak: "Kula ajrih ngrisak Nagari Majalêngka,
amêngsah bapa tur raja, kaping tiganipun damêl sae paring kamukten
ing dunya, lajêng punapa ingkang kula-walêsakên, kajawi namung
sêtya tuhu. Dhawuhipun eyang Sunan Ngampelgadhing, botên kaparêng
yen kula mêngsah bapa, sanadyan Buddha nanging margi-kula sagêd
dumados gêsang wontên ing dunya. Inggih sanadyan Buddha punapa

kapir, tiyang punika bapa inggih kêdah dipunhurmati, punapa malih
dereng wontên lêpatipun dhatêng kula".

Sunan Benang ngandika mêneh: "Sanadyan mungsuh bapa lan ratu,
ora ana alane, amarga iku wong kapir, ngrusak kapir Buddha kawak:
kang kok-têmu ganjaran swarga. Eyangmu kuwi santri mêri, gundhul
bêntul butêng tanpa nalar, patute mung dadi godhogan, sapira
kawruhe Ngampelgadhing, bocah kalairan Cêmpa, masa padhaa karo aku
Sayid Kramat, Sunan Benang kang wis dipuji wong sabumi 'alam,
têdhak Rasul panutaning wong Islam kabeh. Kowe mungsuh bapakmu
Nata, sanadyan dosa pisan, mung karo wong siji, tur ratu kapir,
nanging yen bapakmu kalah, wong satanah Jawa padha Islam kabeh.
Kang mangkono iku, sapira mungguh kauntunganmu nugrahaning
Pangeran tikêl kaping êmbuh, sihing Hyang Kang Maha Kuwasa kang
dhawuh marang kowe. Satêmêne ramanira iku siya-siya marang sira,
tandhane sira diparingi jênêng Babah, iku ora prayoga, têgêse Babah
iku saru bangêt, iya iku: bae mati bae urip, wiji jawa digawa Putri
Cina, mula ibumu diparingake Arya Damar, Bupati ing Palembang, wong
pranakan buta; iku mêgat sih arane. Ramanira panggalihe têtêp ora
bêcik, mulane rêmbugku, walêsên kalawan alus, lire aja katara, ing
batin sêsêpên gêtihe, mamahên balunge".

Sunan Giri nyambungi rêmbug: Aku iki ora dosa dilurugi ramamu,
didakwa rêraton, amarga aku ora seba marang Majalêngka. Sumbare
Patih, yen aku kacandhak arêp dikuciri lan dikon ngêdusi asu, akeh
bangsa Cina kang padha têka ana ing tanah Jawa, ana ing Giri padha
tak-Islamake awit kang muni ing kitabku, yen ngislamake wong kapir,
besuk ganjarane swarga, mula akeh bangsa Cina kang padha tak-
Islamake, tak-anggêp kulawarga. Dene têkaku mrene ini ngungsi urip
mênyang kowe, aku wêdi marang Patih Majalêngka, lan ramanira sêngit
bangêt marang santri kang muji dhikir, ênggone ngarani jare lara
ayan esuk lan sore, yen kowe ora ngukuhi, mêsthi rusak agama
Mukhammad Nabi".

Wangsulane Sang Adipati Dêmak: "Anggenipun nglurugi punika lêrês,
tiyang rêraton, botên ngrumaosi yen kêdah manut prentahing Ratu
ingkang mbawahakên, sampun wajibipun dipunlurugi, dipunukum pêjah,
awit panjênêngan botên ngrumaosi dhahar ngunjuk wontên in tanah
Jawi".

Sunan Benang ngandika maneh: "Yen ora kok-rêbut dina iki, kowe
ngênteni surude bapakmu, kaprabone bapakmu wis mêsthi ora bakal
tiba kowe, mêsthi dipasrahake marang Adipati Pranaraga, amarga iku
putrane kang tuwa, utawa dipasrahake marang putra mantu, iya iku Ki
Andayaningrat ing Pêngging, kowe anak nom, ora wajib jumênêng Nata,
mumpung iki ana lawang mênga, Giri kang dadi jalarane ngrusak
Majalêngka, nadyan mati, mungsuh wong kapir, mati sabilu'llah, patine
slamêt nampani swarga mulya, wis wajibe wong Islam mati dening wong
kapir, saka ênggone nyungkêmi agamane, karo wis wajibe wong urip
golek kamuktening dunya, golek darajat kang unggul dhewe, yen wong
urip ora wêruh marang uripe, iku durung gênêp uripe, lamun sipat
manusa mêsthi melik mêngku praja angreh wadya bala, awit Ratu iku
Khalifa wakile Hyang Widdhi, apa bae kang dikarêpake bisa kêlakon,
satêmêne kowe wis pinasthi bakal jumênêng Ratu ana ing tanah Jawa,
sumilih kaprabone ramamu, ananging ing laire iya kudu nganggo sarat
dirêbut sarana pêrang, yen kowe ora gêlêm nglakoni, mêsthine sihe
Gusti Allah kang mênyang kowe bakal dipundhut bali, dadi kowe
jênênge nampik sihe Allah, aku mung sadarma njurungi, amarga aku
wis wêruh sadurunge winarah, wis tak-sêmprong nganggo sangkal
bolong katon nêrawang ora samar sajroning gaib, kowe kang katiban
wahyu sihe Pangeran, bisa dadi Ratu ana ing tanah Jawa, murwani
agama suci, ambirat ênggonmu madêg Narendra, bisa ngideni adêgmu
Nata mêngku tanah Jawa, bisa lêstari satêruse".
Akeh-akeh dhawuhe Sunan Benang, pambujuke marang adipati Dêmak
supaya mêtu nêpsune, gêlêm ngrusak Majalêngka, malah diwenehi

lêpiyan carita Nabi, kang gêlêm ngrusak bapa kapir, iku padha nêmu
rahayu.

Adipati Dêmak matur: "Manawi karsa panjênêngan makatên, kula
namung sadarmi nglampahi dhawuh, panjênêngan ingkang mbotohi".

Sunan Benang ngandika maneh: "Iya mangkono iku kang tak-
karêpake, saiki kowe wis gêlêm tak-botohi, lah saiki uga kowe kirima
layang marang adhimu Adipati Têrung, ananging têmbungmu kang rêmit
sarta alus, adhimu antêpên, apa abot Sang Nata, apa abot sadulur tuwa
kang tunggal agama. Yen adhimu wis rujuk adêgmu Nata, gampang
bangêt rusaking Majalêngka. Majapahit sapa kang diêndêlake yen
Kusen wis mbalik, Si gugur isih cilik, masa ndadak waniya, Patihe wis
tuwa, dithothok bae mati, mêsthi ora bisa nadhahi yudamu".
Adipati Dêmak banjur kirim layang marang Têrung, ora suwe
utusan bali, wis tinampan wangsulane Sang Adipati Têrung, saguh
ambiyantu pêrang, layang banjur katur Sunan Benang, ndadekake
sukaning panggalih, Sunan Benang banjur ngandika marang Adipati
Dêmak, supaya Sang Adipati ngaturi para Sunan lan para Bupati kabeh,
samudana yen arêp ngêdêgake masjid, lan diwenehana sumurup yen
Sunan Benang wis ana ing Dêmak. Gêlising carita, ora suwe para Sunan
lan para Bupati padha têka kabeh, banjur pakumpulan ngêdêgake
masjid, sawise mêsjid dadi, banjur padha salat ana ing masjid,
sabakdane salat, banjur tutup lawang, wong kabeh dipangandikani
dening Sunan Benang, yen Adipati Dêmak arêp dijumênêngake Nata,
sarta banjur arêp ngrusak Majapahit, yen wis padha rujuk, banjur
arêp kêpyakan tumuli. Para Sunan lan para Bupati wis padha rujuk
kabeh, mung siji kang ora rujuk, iya iku Syekh Sitijênar. Sunan
Benang duka, Syekh Sitijênar dipateni, dene kang kadhawuhan mateni
iya iku Sunan Giri, Syekh Sitijênar dilawe gulune mati.
Sadurunge Syekh Sitijênar tumêka ing pati, ninggal swara: "Eling-
eling ngulama ing Giri, kowe ora tak-walês ing akhirat, nanging tak-
walês ana ing dunya kene bae, besuk yen ana Ratu Jawa kanthi wong
tuwa, ing kono gulumu bakal tak-lawe gênti".
Sunan Giri mangsuli: "Iya besuk wani, saiki wani, aku ora bakal
mundur".
Sawise golong karêpe, nglêstarekake apa kang wis dirêmbug.
Sang Adipati Dêmak banjur ingidenan jumênêng Nata, amêngku tanah
Jawa, jêjuluk Senapati Jimbuningrat, patihe wong saka Atasaning aran
Patih Mangkurat. Esuke Senapati Jimbuningrat wis miranti sapraboting
pêrang, banjur budhal mênyang Majapahit, diiringake para Sunan lan
para Bupati, lakune kaya dene Garêbêg Maulud, para wadya bala ora
ana kang ngrêti wadining laku, kajaba mung para Tumênggung lan
para Sunan apa dene para ngulama, Sunan Benang lan Sunan Giri ora
melu mênyang Majapahit, pawadane sarehne wis sêpuh, mung arêp salat
ana ing masjid bae, lan paring idi rahayuning laku, dadi mung para
Sunan lan para Bupati bae kang ngiringake Sultan Bintara, ora
kacarita lakune ana ing dalan.

Gênti kocapa nagara in Majapahit, Patih saulihe saka ing Giri
banjur matur sang Praba, bab ênggone mukul pêrang ing Giri,
mungguh kang dadi senapati ing Giri iya iku sawijining bangsa Cina
kang wis ngrasuk agama Islam, arane Sêcasena, mangsah mêncak
nganggo gêgêman abir, sawadya-balane watara wong têlung atus, padha
bisa mêncak kabeh, brêngose capang sirahe gundhul, padha manganggo
srêban cara kaji, mangsah pêrang paculat kaya walang kadung, wadya
Majapahit ambêdhili, dene wadya-bala ing Giri pating jênkelang ora
kêlar nadhahi tibaning mimis. Senapati Sêcasena wis mati, dene bala
Cina liyane lang kari padha mlayu salang tunjang, bala ing Giri
ngungsi mênyang alas ing gunung, sawêneh ngambang ing sagara,
mlayu mênyang Benang têrus diburu dening wadya-bala Majapahit,
Sunan Giri lan Sunan Benang banjur nunggal saprau-layar ngambang
ing sagara, kinira banjur minggat marang Arab ora bali ngajawa. Sang
Prabu banjur dhawuh marang Patih, supaya utusan mênyang Dêmak,
andhawuhake yen ngulama ing Giri lan ing Benang padha têka ing

Dêmak, didhawuhi nyêkêl, kaaturna bêbandan ing ngarsa Nata, awit
dosane santri Benang ngrusak bumi ing Kêrtasana, dene dosane santri
Giri ora gêlêm seba marang ngarsa Prabu, tekade sumêdya nglawan
pêrang.

Patih samêtune ing paseban jaba, banjur nimbali duta kang arêp
diutus mênyang Dêmak, sajrone ana ing paseban jaba, kêsaru têkane
utusane Bupati ing Pathi, ngaturake layang marang Patih, layang
banjur diwaos kiyai Patih, mungguh surasaning layang. Menak
Tunjungpura ing Pathi ngaturi uninga, yen Adipati ing Dêmak, iya iku
Babah Patah, wis madêg Ratu ana ing Dêmak, dene kang ngêbang-
êbang adêging Nata, iya iku Sunan Benang lan Sunan Giri, para Bupati
pasisir lor sawadyane kang wis padha Islam uga padha njurungi, dene
jêjuluking Ratu, Senapati Jimbuningrat, utawa Sultan Syah 'Alam
Akbar Siru'llah Kalifatu'rrasul Amiri'lmukminin Tajudi'l'Abdu'lhamid
Kak, iya Sultan Adi Surya 'Alam, ing Bintara.
Ing samêngko Babah Patah sawadya-balane wis budhal nglurug
marang Majapahit, sêdya mungsuh ingkang rama, Babah Patah abot
mênyang gurune, ngenthengake ingkang rama, para Sunan lan para
Bupati padha ambiyantu anggone arêp mbêdhah Majapahit. Babah Patah
anggone nggawa bala têlung lêksa miranti sapraboting pêrang,
mungguh kature Sang Prabu amborongake kiyai Patih. Layang kang
saka Pathi mau katitimasan tanggal kaping 3 sasi Mulud taun Jimakir
1303, masa Kasanga Wuku Prangbakat. Kiyai Patih sawise maos layang,
njêtung atine, sarta kêrot, gêrêng-gêrêng, gedheg-gedheg, bangêt
pangungune, banjur tumênga ing tawang karo nyêbut marang Dewa
kang Linuwih, bangêt gumune mênyang wong Islam, dene ora padha
ngrêti mênyang kabêcikane Sang Prabu, malah padha gawe ala. Kyai
Patih banjur matur Sang Prabu, ngaturake surasane layang mau.

Sang Prabu Brawijaya midhangêt ature Patih kaget bangêt
panggalihe, njêgrêg kaya tugu, nganti suwe ora ngandika, jroning
panggalih ngungun bangêt marang putrane sarta para Sunan, dene
padha duwe sêdya kang mangkono, padha diparingi pangkat, wêkasane
malah padha gawe buwana balik, kolu ngrusak Majapahit. Sang Prabu
nganti ora bisa manggalih apa mungguh kang dadi sababe, dene
putrane lan para ngulama têka arêp ngrusak karaton, digoleki nalar-
nalare tansah wudhar, lair batin ora tinêmu ing nalar, dene kok padha
duwe pikir ala.
Ing wêktu iku panggalihe Sang Prabu pêtêng bangêt, sungkawane
ratu Gêdhe kang linuwih, sinêmonan dening Dewa, kaya dene atining
kêbo êntek dimangsa ing tumaning kinjir. Sang Prabu banjur andangu
marang Patih, apa ta mungguh kang dadi sababe, dene putrane lan
para ngulama apa dene para Bupati kolu ngrusak Majapahit, ora padha
ngelingi marang kabêcikan.

Ature Patih, mratelakake yen uga ora mangêrti, amarga adoh karo
nalare, wong dibêciki kok padha malês ala, lumrahe mêsthi, padha malês
bêcik. Ki Patih uga mung gumun, dene wong Islam pikire kok padha
ora bêcik, dibêciki walêse kok padha ala.


Sang Prabu banjur ngandika marang patih, bab anane lêlakon kaya
mangkono iku amarga saka lêpate sang nata piyambak, dene
nggêgampang marang agama kang wis kanggo turun-tumurun, sarta
ênggone kêgiwang marang ature Putri Cêmpa, ngideni para ngulama
mêncarake agama Islam. Sang Nata saka putêking panggalihe nganti
kawêdhar pangandikane ngêsotake marang wong Islam: Sun-suwung
marang Dewa Gung, muga winalêsna susah-ingsun, wong Islam iku
besuk kuwalika agamanira, manjalma dadi wong kucir, dene tan wruh
kabêcikan, sun-bêciki walêse angalani". "Sabdaning Ratu Agung
sajroning kasusahan, katarima dening Bathara, sinêksen ing jagad,
katandhan ana swara jumêgur gêtêr patêr sabuwana, iya iku kawitane
manuk kuntul ana kang kucir. Sunan, ngulama kabeh ngrangkêp
jênêng walikan, katêlah tumêka saprene, ngulama jênênge walian,

kuntul kucir githoke.
Sang Prabu banjur mundhut pamrayoga marang Patih, prakara
têkane mungsuh, santri kang ngrêbut nagara, iku dilawan apa ora?
Sang Nata rumaos gêtun lan ngungun, dene Adipati Dêmak kapengin
mêngkoni Majapahit bae kok dirêbut sarana pêrang, saupama disuwun
kalayan aris bae mêsthi diparingake, amarga Sang Nata wis sêpuh.
Ature Patih prayoga nglawan têkaning mungsuh. Sang Prabu ngandika,
yen nganti nglawan rumaos lingsêm bangêt, dene mungsuh karo putra,
mula dhawuhe Sang Prabu, yen mapag pêrang kang sawatara bae, aja
nganti ngrusakake bala.
Patih didhawuhi nimbali Adipati Pêngging sarta Adipati Pranaraga,
amarga putra kang ana ing Majapahit durung wanci yen mapagake
pêrang, sawise paring pangandika mangkono. Sang Prabu banjur lolos
arsa têdhak marang Bali, kadherekake abdi kêkasih, Sabdapalon lan
Nayagenggong. Sajrone Sang Prabu paring pangandika, wadya-bala
Dêmak wis pacak baris ngêpung nagara, mula kasêsa tindake. Wadya
Dêmak banjur campuh karo wadya Majapahit, para Sunan banjur
ngawaki pêrang, Patih Majapahit ngamuk ana samadyaning papêrangan.
Para Bupati Nayaka wolu uga banjur melu ngamuk. Pêrange rame
bangêt, bala Dêmak têlung lêksa, balang Majapahit mung têlung ewu,
sarehne Majapahit karoban mungsuh, prajurite akeh kang padha mati,
mung Patih sarta Bupati Nayaka pangamuke saya nêsêg. Bala Dêmak
kang katrajang mêsthi mati. Putrane Sang Prabu aran Raden
Lêmbupangarsa ngamuk ana satêngahing papêrangan, tandhing karo
Sunan Kudus, lagi rame-ramene têtandhingan pêrang, Patih Mangkurat
ing Dêmak nglambung, Putra Nata tiwas, saya bangêt nêpsune,
pangamuke kaya bantheng kataton, ora ana kang diwêdeni, Patih ora
pasah sakehing gêgaman, kaya dene tugu waja, ora ana braja kang
tumama marang sarirane, ing ngêndi kang katrajang bubar ngisis,
kang tadhah mati nggêlasah, bangkening wong tumpang tindhih, Patih
binendrongan saka kadohan, tibaning mimis kaya udan tiba ing watu.
Sunan Ngudhung mapagake banjur mrajaya, nanging ora pasah, Sunan
Ngudhung disuduk kêna, barêng Sunan Ngudhung tiwas, Patih dibyuki
wadya ing Dêmak, dene wadya Majapahit wis êntek, sapira kuwate wong
siji, wêkasan Patih ing Majapahit ngêmasi, nanging kuwandane sirna,
tinggal swara: "Eling-eling wong Islam, dibêciki gustiku walêse ngalani,
kolu ngrusak nagara Majapahit, ngrêbut nagara gawe pêpati, besuk
tak-walês, tak-ajar wêruh nalar bênêr luput, tak-damoni sirahmu,
rambutmu tak-cukur rêsik".

Sapatine Patih, para Sunan banjur mlêbu mênyang kadhaton.
nanging sang Prabu wis ora ana, kang ana mung Ratu Mas, iya iku
Putri Cêmpa, sang Putri diaturi sumingkir mênyang Benang uga karsa.

Para prajurit Dêmak banjur padha mlêbu mênyang kadhaton, ana
ing kono pada njarah rayah nganti rêsik, wong kampung ora ana kang
wani nglawan. Raden Gugur isih timur lolos piyambak. Adipati Têrung
banjur mlêbu mênyang jêro pura, ngobongi buku-buku bêtuwah
Buddha padha diobongi kabeh, wadya sajroning pura padha bubar,
beteng ing Bangsal wis dijaga wong Têrung. Wong Majapahit kang ora
gêlêm têluk banjur ngungsi mênyang gunung lan alas-alas, dene kang
padha gêlêm têluk, banjur dikumpulake karo wong Islam, padha dikon
nyêbut asmaning Allah. Layone para putra santana lan nayaka padha
kinumpulake, pinêtak ana sakidul-wetan pura. Kuburan mau banjur
dijênêngake Bratalaya, jarene iku kubure Raden Lêmbupangarsa.

Barêng wis têlung dina, Sultan Dêmak budhal mênyang Ngampel,
dene kang dipatah tunggu ana ing Majapahit, iya iku Patih Mangkurat
sarta Adipati Têrung, njaga kaslamêtan mbokmanawa isih ana pakewuh
ing wuri, Sunan Kudus njaga ana ing kraton dadi sulihe Sang Prabu,
Têrung uga dijaga ngulama têlung atus, sabên bêngi padha salat kajat
sarta andêrês Kur'an, wadya-bala kang saparo lan para Sunan padha
ndherek Sang Prabu mênyang Ngampelgadhing, Sunan Ngampel wis
seda, mung kari garwane kang isih ana ing Ngampel, garwane mau asli
saking Tuban, putrane Arya Teja, sasedane Sunan Ngampel, Nyai Agêng

kanggo têtuwa wong Ngampel. Sang Prabu Jambuningrat satêkane ing
Ngampel, banjur ngabekti Nyai Agung, para Sunan sarta para Bupati
gênti-gênti padha ngaturake sêmbah mênyang Nyai Agêng. Prabu
Jimbuningrat matur yen mêntas mbêdhah Majapahit, ngaturake lolose
ingkang rama sarta Raden Gugur, ngaturake patine Patih ing Majapahit
lan matur yen panjênêngane wis madêg Nata mêngku tanah Jawa, dene
jêjuluke: Senapati Jimbun, sarta Panêmbahan Palembang, ênggone
sowan mênyang Ngampel iku, prêlu nyuwun idi, têtêpa jumênêng Nata
nganti run-tumurun aja ana kang nyêlani.

Nyai Agêng Ngampel sawise mirêng ature Prabu Jimbun, banjur
muwun sarta ngrangkul Sang Prabu, Nyai Agêng ing batos karaos-raos,
mangkene pangudaraosing panggalih: "Putuku, kowe dosa têlung
prakara, mungsuh Ratu tur sudarmane, sarta kang aweh kamukten ing
dunya, têka dirusak kang tanpa prakara, yen ngelingi kasaeane uwa
Prabu Brawijaya, para ngulama padha diparingi panggonan kang wis
anggawa pamêtu minangka dadi pangane, sarta padha diuja sakarêpe,
wong pancene rak sêmbah nuwun bangêt, wusana banjur diwalês ala,
seda utawa sugênge ora ana kang wêruh".

Nyai Agêng banjur ndangu Sang Prabu, pangandikane: "Êngger!
aku arêp takon mênyang kowe, kandhaa satêmêne, bapakmu tênan kuwi
sapa? Sapa kang ngangkat kowe dadi Ratu tanah Jawa lan sapa kang
ngideni kowe? Apa sababe dene kowe syikara kang tanpa dosa?"

Sang Prabu banjur matur, yen Prabu Brawijaya iku jarene
ramane têmênan. Kang ngangkat sarirane dadi Ratu mêngku tanah Jawa
iku para Bupati pasisir kabeh. Kang ngideni para Sunan. Mulane
nagara Majapahit dirusak, amarga Sang Prabu Brawijaya ora karsa
salin agama Islam, isih ngagêm agama kapir kupur, Buddha kawak
dhawuk kaya kuwuk.

Nyai Agêng barêng mirêng ature Prabu Jimbun, banjur njêrit
ngrangkul Sang Prabu karo ngandika: "Êngger! kowe wêruha, kowe iku
dosa têlung prakara, mêsthi kêsiku ing Gusti Allah. Kowe wani
mungsuh Ratu tur wong tuwamu dhewe, sarta sing aweh nugraha
marang kowe, dene kowe kok wani ngrusak kang tanpa dosa. Anane
Islam lan kapir sapa kang gawe, kajaba mung siji Gusti Allah
piyambak. Wong ganti agama iku ora kêna dipêksa yen durung mêtu
saka karêpe dhewe. Wong kang nyungkêmi agamane nganti mati isih
nggoceki tekade iku utama. Yen Gusti Allah wis marêngake, ora susah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar